TRADISI RITUAL RUWATAN

    Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing ancasé kanggo mbébasake wong komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana.

Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretis sing saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama.


MAKNA

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong, masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga, njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing uwis dilakoni sing bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining desa,

LARANGAN

Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka diwalik).

SEJARAH

Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing doyan mangan menungsa. Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa.

JENIS MENUNGSO SENG DISENENGI BATHARA KALA
     lan dikuwatiraké ngalami sukerta yaiku:

Sing lair tunggal utawa ontang-anting
Kembang sepasang utawa kembar
Sendhang apit pancuran utawa lanang, wadon, lanang, uga
Uger-uger lawang utawa anak loro lanang kabèh
Ontang-onting utawa anak siji wadon
Pendhawa utawa anak lima lanang kabeh
Kedhana-kedhini utawa anak loro lanang wadon
Gondhang kasih anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih
Dhampit utawa anak loro lanang wadon kang laire bareng

SESAJEN
Sesajèn sing disiapake kanggo upacara adat iki antarané:

Kain pitung werna
Wos Jené
Jarum kuning
Kembang pitung rupa
Yen kanggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing diruwat kudhu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung neng segara.

Share:

Related Posts:

MINYAK TERBARU

Cari Blog Ini

PRODUK PILIHAN

MINYAK JIN. Diberdayakan oleh Blogger.

Daftar Blog Saya

Arsip Blog

Unordered List

  • Lorem ipsum dolor sit amet, consectetuer adipiscing elit.
  • Aliquam tincidunt mauris eu risus.
  • Vestibulum auctor dapibus neque.

Sample Text

Lorem ipsum dolor sit amet, consectetur adipisicing elit, sed do eiusmod tempor incididunt ut labore et dolore magna aliqua. Ut enim ad minim veniam, quis nostrud exercitation test link ullamco laboris nisi ut aliquip ex ea commodo consequat.

Pages

Theme Support

Need our help to upload or customize this blogger template? Contact me with details about the theme customization you need.